AQ===>> Sapa aku......?

Sakjane aku iki sapa...? Pitakon sing nganti seprene durung ana sing bisa mangsuli. Ananging yen miturut Simbok aku lahir nalika tanggal 16 Oktober 1976 wayah awan. Dene simbahku sing saka Bapak Asmane Singaikrama lan Simbah buyutku sing saka Simbok asmane Simbah Sosemito. Mengkono critane,.....
     Dhek jaman aku cilik tahun pitungpuluhan kahanan ing desaku isih asri tur dalan isih ciut akeh watu. Isih akeh wit-wit gedhe neng pinggir dalan. Mula ora mokal nek jaman semana akeh memedi ing wayah wengi. Saben bakda magrib Simbok mesthi weling enggal mulih dolan utawa mlebu ngomah. Aku lali jaman cilikku dadi kelingan antarane sekolah wis SD. Aku nek mangkat sekolah mlaku nurut dalan sing ora alus tur yo nyeker. Nganggo sepatu nek dina Senin thok. Aku ora sekolah TK,dadi langsung mlebu SD.

Iki gambar ing ngarep omahe Mbah Mariyam Kagok,Srikayangan.

Kucingku sing lucu,........